Purwaning Dumadi 25:19-28; Jabur 113:1-9 ; Kolose 1:15-20
KABINGAHAN WONTENING GUSTI
“Wong kang gabug dilungguhake ing omah. Dadi ibune bocah-bocah mulane kebak kabungahan. Halleluya!.”
(Jabur 113 : 9)
Gesang ing alam donya sesarengan kaliyan tiyang kathah ingkang maneka warni kawontenanipun panci boten gampil, wonten ingkang sugih, wonten ingkang kesrakat, wonten ingkang pinter, wonten ugi ingkang bodho, wonten ingkang gadah kalenggahan wonten ingkang namung tiyang biasa. Dipun betahaken raos lembah manah, andap asor lan alus ing bebuden. Boten adidang, adigung lan adiguna. Boten rumaos paling sae lan paling utami. Pramila kedah purun sinau mangertosi kawontenan ing sak kiwa tengen supados saged ngajeni tiyang sanes kados menapa kemawon kawontenanipun.
Menapa ingkang kacariyos ing Jabur 113, dados gambaraning gesang ingkang sami dene ngajeni datheng sesami. Sedaya menika wigatos kange ndhasari pasrawungan kita. Awit katresnanipun Gusti wrata dumeng sedaya tiyang tanpa mbedak-mbedakaken antawising setunggal lan sanesipun. Kepara Panjenenganipun kepareng migatosaken tiyang-tiyang ingkang kapinggiraken saking pasrawungan,”Wong papa dijunjung saka ing lebu, lan wong mlarat saka ing bladheran. Diprenahaké ing sandhuwuré para penggedhé, bebarengan karo para pengarepé bangsané.” (Jabur 113:7-8)
Awit estunipun maneka warni kawontenan ing gesang ingkang kita tampi menika peparingipun Gusti, kanugrahan ingkang ageng lan endah sanget ing gesang kita. Pramila kedah kita ginakaken kanthi prayogi karana Panjenenganipun karenan dhumateng tiyang ingkang purun andhap asor lampah gesangipun lan nampi kadospundi kemawon kawontenaning gesang kanthi tetep setya nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti. Sadaya awit gunging katresnanipun Gusti ing gesang kita. |*EW