II Babad 1:7-13; Jabur 147:12-20; Markus 13:32-37
SETYA LAN JUMAGA
“Apa kang wis Dakpangandikake marang kowe,
iku Dakwarahake marang sakabehing wong. Padha meleka!”
(Markus 13 : 37)
Ing injil Markus 13:32-37 kaserat bab wigatosipun sikep tansah jumaga lan waspada salebeting ngantos-antor rawuhipun Gusti. Jumaga lan waspada menika mboten namung boten tilem ing saklebeting nengga. Jaga-jaga lan waspada menika ugi ngemutaken bilih tiyang kedah tansah siyaga nindakaken perkawis ingkang kabetahaken.
Tiyang ingkang siyaga menika mangertos dhumateng kawontenanipun piyambak menapa dene kawontenan ing sakupengipun. Tiyang menika ugi mangertos menapa ingkang saget katindakaken lan mboten saged katindakaken kangge njagi kawilujengan.
Tiyang ingkang siyaga menika tiyang ingkang purun tumindak, mboten mendel kemawon, lan nggadhi tanggel jawab saha setya nindakaken ayahanipun. Temahan nalika ingkang dipun tengga rawuh mboten badhe kuciwa menapa dene nesu awit menapa ingkang dipun pasrahaken dipun jagi lan karimat kanthi sae. Menapa ingkang dipun kersakake ugi dipun lampahi kanthi sae.
Awit saking menika mangga kita lampahi gesang kanthi tansah jaga-jaga lan waspada sampun ngatos lena, tansah ngupadi gesang ing kasetyan lan kapitadosan dumateng Sang Kristus. Tansah sumadya nindhakaken piwulang dalem Gusti ing padintenaning gesang. Tansah jumagaa lan ditansah waspada. Gusti mitulungi, amin.|*EW