Para Hakim 5:12-21; Jabur 106:1-12; 1 Yokanan 5:13-21
NGRAOSAKEN BERKAH TUKING PANGANDEL
“Dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa
apa kang kita suwun marang Panjenengane.”
(1 Yokanan 5:15b)
Anteping kapitadosan wonten ing ngarsanipun Gusti punika gumantung anggenipun sami ngraosaken berkahipun Gusti. Sangsaya luber berkahipun Gusti karaosaken, sangsaya kandel kumandelipun wonten ngarsanipun. Kosok wangsulipun sangsaya berkahipun karaos sepi mamring, sangsaya tipis kumandelipun ing ngarsanipun. Kamangka saestunipun berkahipun Gusti punika binabar nyata ing sagunging gesang. Kathah boten tirah, sekedhik dhatan kirang. Gumantung anggenipun ngraosaken.
Makaten ugi ingkang kelampahan nalikanipun bani Israel badhe mangsah perang. (Para Hakim 5:12-21) Saperanganing taleripun Israel sami mantep nglurug perang sesarengan kaliyan Barakh lan Dhebora. Inggih punika Efrayim, Benyamin, Zebulon, Ishakar lan Naftali. Wondene taler sanesipun sami mbobot-timbang lan gojak-gajek. Inggih punika taler Ruben, Dan lan Asyer. Patrap ingkang benten ing antawisipun ingkang mantep mangsah perang lan ingkang mangu-mangu amargi jalaran kandel lan tipising raos kumandel ing ngarsanipun Gusti. Kamangka prasetyanipun Gusti lumantar Dhebora lan Barakh punika nyata, angggenipun badhe ngulungaken para ratuning Kanaan sak wadyabalanipun.
Makaten ugi anggen kita mangsah perang ing pangguleting pagesangan. Unggul punapa kawon, katemtokaken dening sepinten kandel lan tipisipun raosing kumandel ing ngarsanipun Gusti minangka tuking pitulungan. Sanajan pacoben, panandhang lan kasangsaran nyerang lan ngrusuhi, sauger mantep kumandel ing Gusti bakal unggul. Laras kaliyan nas ing nginggil “dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.” Saestu dados pemut lan pembereg tumraping kita anggenipun kepareng nampeni lan ngraosaken berkahipun Gusti sanadyan taksih ing salebeting pandonga lan panyuwunan. Ngraosaken berkah tuking kumandel. |*AJ