Yeremia 3:1-5; Jabur 36:5-10; 1 Korinta 7:1-7
ENDAHING GESANG BEBRAYAN
“Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo
ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga.”
(1 Korinta 7:5a)
Ing kawontenanipun gesang ingkang sangsaya rekaos, mliginipun ing babagan ekonomi; kathah brayat ingkang kepeksa nelakaken panyambut damelipun nglangkungi wekdal panyambut damel kados padhatan. Wosipun wiwit sumuruping srengenge ngantos angslupipun, dereng rampung anggenipun nyambut damel. Wusana wekdal kagem brayat sangsaya suda. Mirungganipun sesambetaning semah lan garwa. Memper nalikanipun prei, kathah ingkang sami miji wekdal anggenipun rekreasi murih sesambetaning brayat sageda tansah rumaket lan anget.
Sinaosa makaten nalika wekdal kempal punika kelangkung omber, kados kelampahan nalikanipun nedhengipun covid-19 srana Work From Home, boten ndadosaken brayat sangsaya supeket lan rumaket. Raos bosen, raos was lan sumelang, raos ajrih lan semplah ingkang nyarengi lampahing covid-19, njalari brayat sami dene sensitif; gampil kebrongot banjur padudon. Kepara gunggunging brayat ingkang sami pegatan sangsaya ndedel; inggil sanget. Pramila mekaten, ingkang dados under sesabetaning brayat klebet semah-garwa punika sanes asring punapa awis-awis anggenipun sesarengan, ananging langkung utami bobot lan mutunipun anggenipun srawung.
Rahayu nalikanipun Rasul Paulus kepareng mrayogekaken murih sesambetanipun semah-garwa punika saestu berkualitas, wonten kalanipun menawi sami cegah-cinegahan. Supados satunggal lan sanesipun wonten wekdal ndedonga. Temtu wonten ing pandonga punika sami kakeparengaken niti priksa kawontenaning sesambetan ingkang sampun kelampahan. Temah pamratobat anggenipun nelakaken jejer minangka semah-garwa ingkang sembada tansaha kebabar.
Srana cegah-cinegahan, semah-garwa nampeni kekiyatan; panglipur tuwin pangajeng-ajeng. Temtu punika wonten watesipun, satemah saged “kumpul” malih klawan pangraosing manah ingkang “anyar” satunggal lan sanesipun. Endahing gesang bebrayan! |*AJ