GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

JUMAT, 17 JANUARI 2025

Jumat, 17 Januari 2025 43
GKJ Wonogiri

Yeremia 3:19-25; Jabur 36:5-10

ETUKING GESANG LAN PEPADHANG

“Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka; anggen kawula

ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.”

(Jabur 36: 10)

Pangajining gesang punika boten mapan wonten ing kawontenaning gesang ingkang bingah kemawon utawi sisah kemawon. Boten ngemungaken mapan ing kabegjan kemawon utawi cilaka kemawon. Badhea bingah utawi sisah; begja punapa dene cilaka, nuwuhaken panglenggana bilih jejering manungsa minangka titahipun Gusti Allah punika sarwa ringkih lan winates nanging pikantuk sihipun Gusti.

Kala mangsanipun manungsa nampeni kabingahan lan kabegjan, murih sageda ngraosaken pamuji lan panuwun sokur wonten ngarsanipun Gusti. Kala mangsanipun manungsa nampeni kasisahan lan kaapesan, murih tansaha emut lan kumandel ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang nuwuhaken panglipur lan pangajeng-ajeng. Emanipun, kathah ingkang kepareng nampi kabingahan lan kabegjan kemawon lan nyelaki kasisahan lan kaapesan. Tan nduga menawi kabingahan lan kabegjan punika asring milut manungsa anggenipun ngegung-egungaken kekiyatan lan kaluhuranipun piyambak. Sami dene kumalungkung; adigang-adigung-adiguna. Wusana nyenyamah Gusti. Ewadene kasisahan lan kaapesan sami dipun singkur. Inganggep minangka bebendhunipun Gusti. Wusana sami nggugat lan ndakwa bilih Gusti boten tresna. Kamangka kasisahan lan kaapesan punika saged dados sarananipun Gusti Allah anggenipun ndadar umatipun supados tansah pitados lan saged nampi berkahipun.

Dhatan pinanggih nalar jer Gusti Allah etuking gesang, lha kok kamitegan, ngendeg gesang lan dhatengaken karisakan saha pepejah. Pramila makaten, ing wekdal kaasoran; panandhang lan kasisahan, tansaha kumandel. Kumandel bilih Gusti piyambak, etuking gesang ingkang kepareng badhe mitulungi lan mberkahi. Sampuna ngantos ngglewar, napa malih murtad, ngudi pepadhang sanesipun. Awit inggih namung Gusti tuking gesang lan pepadhang ingkang sejati. |*AJ