GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

20/01/2025

Senin, 20 Januari 2025 42
GKJ Wonogiri
  • Yesaya 54:1-8; Jabur 145; Rum 12:19-21
  • PIWALES; WEWENANGIPUN GUSTI
  • “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake”
  • (Rum 12:19)

Perangan ing tata politik ingkang viral lan dereng rampung wekasanipun, inggih punika ipat-ipatipun Ahok. Jlentrehipun makaten, nalika nyalon dados Gubernur DKI, Pak Ahok kadakwa nyenyamah agami Islam awit tafsir Almaida 51 ingkang dados regejegan/pro-kontra. Sanajan kathah ingkang paring paseksi bilih Pak Ahok punika boten lepat, pangadilan ndawahaken putusan kalih tahun kinunjara. Lan wonten ing pangadilan punika piyambakipun supata menawa sedaya tiyang ingkang mengsahi lan nidhes piyambakipun, Gusti badhe adamel wirang setunggal mbaka satunggal. Ndilalah satunggal mbaka satunggal tiyang ingkang dados mengsahipun sami kawirangan. Wonten sakit lajeng pejah punapa dene nampi perkawising gesang ingkang awrat. Kagubel ing perkawis, kajiret ing korupsi lan sapiturutipun. Srana kelampahanipun “Ipat-ipatipun Ahok” punika kados-kados ngleresaken bilih “Doa orang teraniaya besar kuasanya”.

Pratelan punika kados-kados ngleresaken bilih umatipun Gusti punika kepareng dongaken awon tumrap para-para ingkang sami mengsahi. Pratelan punika sanyata cengkah kaliyan angger-angger katresanan ingkang dipun dhawuhipun Gusti. “Balik manawa satrumu kaluwen, wenehana mangan; yen ngelak, wenehana ngombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe. Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.” (Rum 12:20-21).

Awit saking makaten, boten samesthinipun pandherekipun Gusti Yesus punika ngipat-ipati, nyupatani lan dongakaken awon menggahing sinten kemawon. Punapa malih para-para ingkang sami nggethingi lan mengsahi kita. Menawi kaleresan kok perangan ingkang awon kelampahan tumraping para-para ingkang nggethingi lan mengsahi kita, punika sedaya awit Gusti Allah piyambak. Wewenangipun Gusti Allah piyambak. Lan ugi dados kekeranipun Gusti Allah piyambak. Sampun ngantos sami ngunandika: “Sokur, rasakna! Marga kuwalat karo aku!”. |*AJ