GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

SELASA, 21 JANUARI 2025

Selasa, 21 Januari 2025 40
GKJ Wonogiri

Musthikaning Kidung 4:1-8; Jabur 145; 1 Korinta 1:3-17

DADOS SATUNGGAL

“kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan

ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi

sarta tunggal pangrasa.” (1 Korinta 1:10b)

Wulang Bebasan 30:25 nelakaken makaten: “semut iku golongan kang ora rosa, nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan”. Memper menawi kita mrangguli kumpulaning semut, saged dipun pesthekaken menawi saweg sami ngupadhi tedha. Lan elokipun, anggenipun sami mbekta lan ngempalaken tedha, perangan ingkang dipun bekta punika matikel-tikel agengipun tinimbang dedegipun semut punika piyambak. Murih sagedipun, semut-semut punika kedah gotong royong; nyambut damel sareng-sareng. Awit menawi piyambakan kemawon, tangeh lamun kelampahanipun.

Punapa ingkang katindakaken dening semut-semut punika dados piwulang sae tumraping pasamuwanipun Gusti anggenipun ngudi patunggilaning sariranipun Gusti. Sanajan satunggal lan sanesipun punika boten sami; wonten padaran, pikiran, suku, asta, tutug lan sapiturutipun, nggadahi satunggal ancas anggenipun nglestantunaken gesang. Tuladha: Padaran kraos luwe, pikiran nemtokaken; badhe masak utawi tumbas, sukunipun jumangkah, astanipun obah, lan tutukipun mamah. Punika ingkang dipun wastani saiyeg, rukun-rumaket, tunggal budi lan pangrasa. Boten wonten gegelitaning gesang punika ingkang nengenaken kepentinganipun awakipun piyambak. Jer menawi makaten, satunggal lan sanesipun sami tempuk lan tubrukan. Njalari gesangipun sangsaya ringkih.

Ingkang dados kawigatosan inggih punika: Kados pundi murih sagedipun sami nyatunggil? Boten sanes inggih punika katunggilaken wonten ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah Sang Rama, wonten ing Gusti Yesus Sang Putra, lan panuntuning kawilujengan inggih punika Sang Roh Suci. Kados dene Allah Rama, Sang Putra, Sang Roh Suci ingkang manunggal makaten ugi gesangipun umat kedah nyatunggil. Cundhuk kaliyan pandonganipun Gusti “supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal” (Yok. 17:21). Amin. |*AJ