Nehemia 2:1-10; Jabur 19; Rum 12:1-8
ANDHUM GESANG SESARENGAN
“Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.” (Rum 12:8b)
Kebabaripun kapitadosan wonten ing Gusti Allah punika boten ngemungaken gumanthung anggen kita netepi kuwajibaning agami. Kadosta sregep ngibadah dhateng greja punapa kempalaning pangibadah sanesipun, taberi anggenipun ngaturaken pisungsung. Punapa dene netepi trapsilaning agami; ndedonga lan maos kitab suci. Osiking kapitadosan ugi kebabar anggen kita andhum gesang. Migatosaken kawontenan ‘ringkih’ ing sakiwa tengen kita lan nelakaken panjurung; murih pagesangan manggihaken tentrem lan rahayu.
Patuladanipun andum gesang, kebabar ing gesangipun Nabi Nehemia, Prabu Arthasasta lan garwa dalasan para bupati kalebet Asaf ingkang nyengkuyung pambanguning Padaleman Suci. Dadosna uninga menawi pedaleman suci karubuhaken lan tiyang-tiyangipun sami kabucal ing Babel. Nalikanipun Babel kawengku panguwaosipun bangsa Persia, Prabu Arthasasta ingkang ngasta paprentahan; nggadhahi patrap ingkang becik menggahing bangsa Israel. Nalikanipun Nehemia, ngladosi unjukaning Sang Prabu, kamangka pasuryanipun katon sedhih, Sang Prabu dangu lan kaparingan wangsulan bilih anggenipun sedhih awit kaprihatosaning Nehemia ningali kawontenanipun Padaleman Suci lan pangajeng-ajengipun anggenipun badhe mbangun Padaleman Suci.
Salajengipun Sang Prabu Arthasasta nindakaken sedaya panyuwunanipun Nehemia anggenipun maringi “surat jalan” dhateng Yeremia, supados kaaturaken dhateng sedaya bupati, murih wilujenging lampahipun. Makaten ugi anggenipun mbetahaken kajeng wana, piranti pambanguning pedaleman suci ugi kadamel lan kapirangaken dhateng Asaf.
Wusana pambanguning Pedaleman Suci saged katindakna. Sedaya awit pambiyantu lan panyengkuyungipun para-para ingkang kepareng andhum gesang. Laras kaliyan nas, “Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.” |*AJ SABDA WINEDHAR