II Babad 36:11-21; Jabur 71:1-6; Yokanan 1:43-51
PEPENGET
“Ewasamono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, mawali-wali anggone paring pepenget lumantar para utusan, amarga saka tresnane marang umate lan papan padalemane” (II Babad 36:15)
Tembung “pepenget” punika nggadhahi makna ngelingake, ngemutaken dhateng bab-bab ingkang prelu dipun gatosaken. Pepenget ugi dados bukti saha wujuding katresnan tiyang sepuh dhateng para larenipun. Mekaten ugi Pangandikanipun Gusti ing Kitab II Babad 36:11-21. Lumantar Nabi Yeremia, Sang Yehuwah paring pepenget dhateng Prabu Zedhekia awit lampah gesangipun ingkang asring nerak angger-anggeripun Gusti. Saha sikep ingkang boten purun ngurmati Nabi Yeremia minangka utusanipun Gusti lan sikep memberontak dhateng Prabu Nebukadnezar (ayat 12-13).
Sampun makaping-kaping anggenipun Prabu Zedhekia dipun engetaken lumantar para utusanipun Gusti. Ananging piyambakipun tansah mangkotaken manah saha boten purun bikak manahipun lan mratobat. Awit sikep gesang ingkang mekaten, mila Gusti Allah dhatengaken ratuning tiyang Kasdim, kangge nglawan, mejahi para jaka ingkang wonten ing ngriku. Mboten namung punika kemawon ananging Padaleman Suci ugi dipun obong. Lan sadaya pirantos ingkang wonten ing lebetipun Padaleman Suci dipun pendhet saha dipun angkut dhateng Babel. Bab punika kados dene Pangandikanipun Gusti Allah ingkang dipun ngendikakaken lumantar Nabi Yeremia.
Prastawa ingkang dipun serat wonten ing Kitab II Babab 36:11- 21 saged paring piwucal dhateng kita bilih: Ingkang sepisan, pepengetipun Gusti Allah punika sejatosipun minangka tandha tresnanipun Gusti dhateng kita. Gusti Allah saged paring pepenget lumantar maneka warni sarana. Kanthi pepengetipun Gusti punika dadosaken gesang kita langkung sae, ngatos-atos anggenipun nglampahi gesang lan tansah ajrih asih dhumateng Allah. Kaping kalihipun, pepengetipun Gusti prayogi katampi kanthi nglenggana, sampun ngantos mangkotaken manah. Awit menawi kita taksih mangkotaken manah saha taksih gegeki punapa ingkang dados pikajeng kita piyambak, punika saged ndhatengaken bilai, dampak ingkang boten sae tumrap gesang kita. Amin |*MEK (SABDA WINEDHAR)