GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

MINGGU, 02/02/2025

Minggu, 2 Februari 2025 31
GKJ Wonogiri

Yeremia 1:4-10, Jabur 71:1-6, 1 Korinta 13:1-13, Lukas 4:21-30

KATAMPIK

“Lan Pangandikane maneh: Aku pitutur marang kowe,

sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale ”

(Lukas 4:24)

Wonten ing lelampahan gesang padintenan, sinten ingkang nate ngraosaken dipun tampik? Mbok manawi ing antawisipun kita wonten ingkang nate dipun tampik dening tiyang sanes. Lajeng punapa ingkang ndadosaken tiyang punika katampik? Kathah bab ingkang dadosaken tiyang punika katampik, kadosta: raos mboten remen, tuwuhing pamawas ingkang negatif dhateng tiyang sanes, kaanggep boten cocok, lan sapiturutipun.

Bab katampik punika kadosdene satunggaling prastawa ingkang dipun cariyosaken wonten ing Injil Lukas 4:21-30. Nalika Gusti Yesus paring piwucal saha nelakaken kayekten gegayutan kaliyan jati dhirinipun, kasunyatanipun mboten sadaya tiyang saged nampi. Punapa ingkang njalari? Awit rikala semanten tiyang-tiyang punika mawas Gusti Yesus kanthi cupet lan matesi bilih Yesus punika namung putranipun bapa Yusuf si tukang kayu. Bab punika dados satunggaling pambengan kangge mitadosi bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih piyambak. Ngadhepi sikep tiyang-tiyang punika, Gusti Yesus boten duka. Ananging Panjenenganipun paring pangandika kados ing ayat 24-28. Mireng pangandikanipun Gusti Yesus punika, tiyang kathah lajeng sangsaya nepsu saha nglarak Gusti Yesus ing sakjawining kitha. Sinaosa Gusti Yesus nampi tumindak ingkang ala saking tiyang kathah, ananging Panjenenganipun boten duka. Panjenenganipun mujudaken tumindak ingkang wicaksana inggih punika tindak saha jengkar saking papan punika.

Saking prastawa punika, para pitados pinaringan piwucal bilih kita kedah saged nuladha sikepipun Gusti Yesus. Inggih punika tansah tatag, lan boten ewah gingsir martosaken Injiling Allah sinaosa nampi sikep ingkang boten sekeca saking sesami. Saklajengipun, tansah purun ngapunteni lan boten males tumindakipun tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Amin |*MEK (SABDA WINEDHAR)