GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

SELASA, 04 FEBRUARI 2025

Selasa, 4 Februari 2025 41
GKJ Wonogiri

II Para Raja 5:1-14; Jabur 56; 1 Korinta 14:13-25

WEWADI KANG KALAIRAKE

“Sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair,

satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni:

Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu”

(1 Korinta 14:25)

Serat 1 Korinta 14:13-25 dados salah satunggaling serat pangengenipun (surat Penggembalaan) Rasul Paulus kangge pasamuwan ing Korinta. Wonten ing waosan punika katrangaken bab kados pundi Rasul Paulus paring pepenget dhateng pasamuwan ing Korinta.

Pepenget bab punapa? Sepisan, kados pundi umat ngginakaken peparingipun Gusti. Wonten ing ayat 13 nelakaken bilih “mulane sing sapa ngucapake basa roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake”. Bab punika ngemu suraos, supadosa saben tiyang pitados nalika nampi peparing (karunia) saking Gusti, ugi nyuwun pitedah maksud saha tegesipun tanda punika. Pasamuwan ugi kabereg supadosa saged ngginakaken peparing saking Gusti punika kanthi kebak ing tanggel jawab. Tanggel jawab punika dipunwujudaken kanthi sikep ingkang kaandharaken wonten ing ayat 20, mekaten: “Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.” Tegesipun, pasamuwan kabereg supadosa anggadhahi sikep saha pamawas ingkang diwasa nalika ngginakaken karunia ingkang dipun paringaken dening Gusti wonten ing gesangipun. Kaping kalih, ancas tujuan anggenipun Gusti Allah paring kasagedan utawi karunia inggih punika sinerat wonten ing ayat 25. Tujuanipun supados sadaya tiyang sami sumungkum sujud dhumateng Gusti Yesus saha ngakeni lan ngraosaken bilih Sanyata Gusti Allah wonten ing tengah-tengahing pasamuwan.

Mekatena ugi kita minangka peranganing greja. Saben kita tamtu dipunparingi maneka warni karunia. Lumantar peparing punika Gusti Allah ngersakaken supados kita mangretosi karsanipun Gusti lan tansah ngginakaken karunia punika kanthi tanggel jawab lan sikep ingkang diwasa. Satemah kathah tiyang ingkah sami ngluhuraken Gusti lan tansah sumuyud sujud saha ngakeni bilih Gusti Allah wonten ing satengahing gesang kita. Amin |*MEK (SABDA WINEDHAR)