GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

SELASA 22 APRIL 2025

Selasa, 22 April 2025 15
GKJ Wonogiri

Para Hakim 4:17-23, 5:24-31a; Jabur 118:1-2, 14-24; Wahyu 12:1-12 KIDUNG KAMENANGAN

“Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.” (Wahyu 12:11)

Wahyu menika sanes tulisan sejarah ing mangsa kepengker utawi gambaran kronologis mangsa ngajeng. Wahyu ngetingalaken peprentahaning Allah ing donya menika, atas sejarah lan atas mangsa ngajeng saking kathah sudhut paningal. Iblis kagambaraken minangka sawer kina utawi naga ageng, sirahipun pitu, singatipun sedasa, lan ngangge makutha lintang kalih welas (ay. 3). Naga menika kasil nyered saprotiga malaekat ing swarga dados setan-setan pandherekipun (ay. 4). Naga mbudidaya ngalang-alangi rancanganipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa. Piyambakipun mbudidaya kanthi maneka cara kangge nyedani Mesias (ay. 4 lan 13). Selajengipun kita maos paprangan antawisipun Iblis kaliyan sedaya pandherekipun nglawan Mikhael lan malaekat-malaekatipun (ay. 7). Paprangan ing swarga dipun menangaken dening Mikhael temah naga kauncalaken dhateng bumi, sesarengan kaliyan para malaekatipun (ay. 9). Mila lajeng kapireng kidung kamenangan ing swarga (ay. 11). Lumantar Wahyu menika kita mangertos bilih Iblis sampun dipun kawonaken lan peprentahanipun sampun sirna. Pramila sampun sakmesthinipun kita mboten ajrih malih tumrap pangwaosing pepeteng. Srana rah Sang Cempe kita sedaya nggadhahi pangwaos kangge ngidak Iblis. Ugi kanthi paseksi kita, kita saged ngawonaken Iblis. Pramila ingkang kita tindakaken inggih menika sukarena lan jumaga. Sukarena awit sampun nggadhahi landhesan kangge menang. Jumaga awit Iblis ingkang kawon ing swarga, samangke nglawan kita ing bumi, piyambakipun ngintimidasi kita siang ratri supados kapitadosan kita sangsaya ringkih. Yokanan ngengetaken bilih ing Sang Kristus wonten kamenangan nglawan Iblis awit Gusti Allah ingkang kwaos nggulawenthah, ngayomi lan mitulungi kita, samangke lan ngantos dumugi kalanggengan. Tansaha sengkut ing pandonga lan atur paseksi. Gusti badhe mitulungi. |*SAR